Peribahasa 2
Selamat siang semua.
Selamat membaca
Semoga bermanfaat untuk kita semua
K
-Kacang ora ninggal lanjaran :
kebiasa-ane anak nirokake wong tuwane
Kebiasaan anak selalu meniru dari orang tuanya
-Kadang konang :
gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih
Hanya mau mengakui saudara pada yang kaya saja.
-Kala cacak menang cacak :
samubarang panggawean becik dicoba dhisik bisa lan orane
Segala pekerjaan yang baik haruslah dicoba sebisa mungkin.
-Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega :
wong sing ora duwe papan panggonan
Orang yang tidak memiliki tempat tinggal (tunawisama).
-Katepang ngrangsang gunung :
kegedhen karep/panjangka sing mokal bisa kelakon
Memiliki keinginan terlalu besar yang mustahil untuk bisa terlaksana.
-Katon kaya cempaka sawakul :
tansah disenengi wong akeh
Selalu disukai oleh banyak orang.
-Kaya banyu karo lenga :
wong kang ora bisa rukun
Dua orang/kelompok yang tidak bisa rukun (selalu berseteru).
-Kakehan gludug kurang udan :
akeh omonge ora ana nyatane
Terlalu banyak bicara tetapi tidak ada bukti/tindakan.
-Kabanjiran segara madu :
nemu kabegjan kang gedhe banget
Mendapatkan keberuntungan yang sangat besar.
-Kebat kliwat, gancang pincang :
tumindak kesusu mesthi ora kebeneran
Tindakan yang tergesa-gesa pasti tidak sempurna.
-Kebo bule mati setra :
wong pinter nanging ora ana kang mbutuhake
Orang pandai tapi tidak ada yang membutuhkan.
-Kebo ilang tombok kandhang :
wis kelangan, isih tombok wragat kanggo nggoleki, malah ora ketemu
Sudah kehilangan, dicari dengan segala harta, tapi malah tidak ditemukan.
-Kebo kabotan sungu :
rekasa kakehan anak / tanggungan
Terbebani dengan memiliki banyak anak/tanggungan.
-Kebo lumumput ing palang :
ngadili perkara ora nganggo waton
Mengadili suatu masalah tanpa menggunakan peraturan/undang-undang yang berlaku (main hakim sendiri).
-Kebo mulih menyang kandhange :
wong lunga adoh bali menyang omahe / asale
Sejauh-jauh orang pergi merantau pasti pulang ke kampung halamannya.
-Kebo nusu gudel :
wong tuwa njaluk wulang wong enom
Orang yang lebih tua usianya belajar/menjadi tanggungan yang lebih muda.
-Kegedhen empyak kurang cagak :
kegedhen karep nanging ora sembada
Keinginan yang terlalu besar tapi tidak sesuai dengan kemampuannya.
-Kajugrugan gunung menyan :
oleh kabegjan kang gedhe banget
Mendapatkan keberuntungan yang besar sekali.
-Kekudhung walulang macan :
ngapusi nggawa jenenge wong kang diwedeni
Menipu dengan menggunakan nama besar orang yang ditakuti.
-Kelacak kepathak :
ora bisa mungkir jalaran wis kebukten
Tidak bisa mengelak lagi karna telah terbukti bersalah (tertangkap basah).
-Kena iwake aja nganti buthek banyune :
sing dikarepake bisa kelakon nanging aja nganti dadi rame/rusak
Mencapai suatu tujuan tanpa membuat suatu kerusakan/keributan.
-Kencana katon wingko :
senajan apik nanging ora disenengi
Meskipun bagus tapi tidak disukai.
-Kendel ngringkel, dhadang ora godak :
ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho
Mengaku berani dan pintar, tapi kenyataannya penakut dan bodoh.
-Kenes ora ethes :
wong sugih amuk nanging bodho
Orang yang mudah marah tapi sebenarnya bodoh.
-Keplok ora tombok :
wong senengane komentar thok nanging ora gelem tumindak
Orang yang hanya suka berkomentar tapi tidak mau ikut bertindak.
-Kere munggah mbale :
batur dipek bojo karo bendarane
Pembantu yang diperistri oleh majikannya.
-Kere nemoni malem :
wong kang bedigasan / serakah
Orang yang serakah.
-Kerot ora duwe untu :
duwe kekarepan nanging ora duwe beaya / wragat
Memiliki keinginan tapi tak memiliki dana/biaya.
-Kerubuhan gunung :
wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
Orang yang mengalami musibah yang sangat besar.
-Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang :
nemoni cilaka kang ora kenyana-nyana
Menemui musibah yang tidak disangka-sangka.
-Ketula-tula ketali :
wong kang tansah nandang sengsara
Orang yang selalu mendapat kesusahan.
-Kethek saranggon :
kumpulane wong kang tindakane ala
Sekelompok orang bejat/tidak beradab.
-Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadhang :
wong kang ora duwe panggonan sing tetep
Orang yang tidak memiliki tempat tinggal yang tetap (pengelana).
-Klenthing wadah uyah :
angel ninggalake pakulinan tumindak ala
Sulit meninggalkan kebiasaan buruk.
-Kongsi jambul wanen :
nganti tumekan tuwa banget
Hingga sampai pada usia tua.
-Krokot ing galeng :
wong kang mlarat banget
Orang yang sangat miskin.
-Kriwikan dadi grojogan :
prakara kang maune cilik dadi gedhe banget
Perkara yang mulanya kecil menjadi sangat besar.
-Kumenthus ora pecus :
seneng umuk nanging ora sembada
Banyak cakap/bicara tapi tidak memiliki kemampuan/tindakan yang seimbang dengan ucapannya (pembual).
-Kurung munggah lumbung :
wong asor / cilik didadekake wong gedhe
Orang jelata yang dijadikan pembesar/pejabat.
-Kuthuk nggendhong kemiri :
manganggo kang sarwo apik/aji liwat dalan kang mbebayani
Mendapatkan kehormatan/jabatan melalui jalan yang berbahaya.
-Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk :
njarag marani bebaya
Menantang bahaya/maut.
-Kuncung nganti temekan gelung :
suwe banget anggone ngenteni
Penantian yang sangat lama.
L
-Ladak kecangklak :
wong kang angkuh nemoni pakewuh, marga tumindake dewe
Orang angkuh/sombong yang mendapatkan kesulitan karena kelakuannya sendiri.
-Lahang karoban manis :
rupane bagus / ayu tur luhur budine
Memiliki paras yang tampan/cantik dan berbudi luhur pula.
-Lambe satumang kari samerang :
dituturi bola-bali meksa ora digugu
Meskipun dinasehati berkali-kali tapi tetap tidak dianggap.
-Lanang kemangi :
wong lanang kang jireh
Lelaki penakut.
-Legan golek momongan :
wis kepenak malah golek rekasa
Sudah mendapatkan posisi yang mapan tapi malah mencari sengsara/susah.
-Lumpuh ngideri jagad :
duwe karepan kang mokal bisa keturutan
Memiliki keinginan yang mustahil terlaksana.
M
-Maju tatu mundur ajur :
perkara kang sarwa pakwuh
Perkara yang menjadikan serba salah.
-Matang tuna numbak luput :
tansah luput kabeh panggayuhan
Selalu meleset semua cita-cita/usahanya.
-Mbuang tilas :
ethok-ethok ora ngerti marang tumindak kang ala sing lagi dilakoni
Pura-pura tidak tahu dengan perbuatan buruk yang sedang dijalani.
-Meneng widara uleran :
katon anteng nanging sejatin ala atine
Dari luar terlihat tenaang/baik tapi sebenarnya buruk hatinya.
-Menthung koja kena sembagine :
rumangsane ngapusi nanging sejatine malah kena apus
Merasa memperdayai/menipu tapi sebenarnya dirinya sendirilah yang telah diperdaya/ditipu.
-Merangi tatal :
mentahi rembug kang wis mateng
Menyangkal hasil musyawarah yang sudah matang.
-Mikul dhuwur mendhem jero :
bisa njunjung drajate wong tuwa
Bisa menjunjung tinggi nama baik/derajat orang tua.
-Milih-milih tebu oleh boleng :
kakehan milih wekasan oleh kang ora becik
Terlalu banyak memilih tapi pada akhirnya malah mendapatkan yang tidak baik.
-Mrojol selaning garu :
wong kang luput saka bebaya
Orang yang luput/terlepas dari bahaya.
-Mubra-mubra mblabar madu :
wong sing sarwa kecukupan
Orang yang selalu tercukupi kebutuhannya.
N
-Nabok anyilih tangan :
tumindak ala kanthi kongkonan uwong liya
Berbuat jahat dengan menggunakan/menyuruh orang lain.
-Ngagar metu kawul :
ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojoki ora mempa
Menghasut orang supaya salah jalan/berbuat salah, tapi yang dihasut tidak terpengaruh.
-Ngajari bebek nglangi :
panggawean sing ora ana paedahe
Pekerjaan yang tidak ada manfaatnya.
-Ngalasake negara :
wong sing ora manut pranatane negara
Orang yang tidak mau mengikuti peraturan negara.
-Ngalem legining gula :
ngalembana kepinterane wong kang pancen pinter/sugih
Memuji kepandaian/kebaikan orang yang nyata-nyata memang pandai/baik.
-Ngaturake kidang lumayu :
ngaturake barang kang wis ora ana
Memberikan barang yang tidak ada.
-Nglungguhi klasa gumelar :
nindakake panggawean kang wis tumata
Melakukan pekerjaan yang telah tertata/disiapkan.
-Ngontragake gunung :
wong cilik/asor bisa ngalahake wong luhur/gedhe, nganti gawe gegere wong akeh
Orang jelata/biasa yang bisa mengalahkan pembesar/pejabat sehingga membuat kehebohan.
-Nguthik-uthik macan dhedhe :
njarag wong kang wis lilih nepsune.
Menantang/menggoda orang yang telah mampu menahan hawa nafsu/amarah/emosinya.
-Nguyahi segara :
weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
Memberi/menyumbang pada orang kaya yang tidak ada manfaatnya.
-Nucuk ngiberake :
wis disuguhi mangan mulih isih mbrekat
Sudah diberi makan, pulang masih membawakan oleh-oleh.
-Nututi layangan pedhot :
nggoleki barang sepele sing wis ilang
Mencari barang remeh yang telah hilang.
-Nyangoni kawula minggat :
ndandani barang sing tansah rusak
Memperbaiki barang yang sudah terlanjur rusak.
-Nyolong pethek :
tansah mleset saka pametheke/pambatange
O
-Obah ngarep kobet mburi :
tumindake penggede dadi contone/panutane kawula alit
Segala tindakan pemimpin selalu jadi contoh/panutan pengikutnya.
-Opor bebek mentas awake dhewek :
rampung saka rekadayane dhewe
Lolos dari kesulitan yang dibuatnya sendiri.
-Ora ana banyu mili menduwur :
watake anak biasane niru wong tuwane
Watak/sifat anak biasanya meniru orang tuanya.
-Ora ana kukus tanpa geni :
ora ana prakara tanpa jalaran
Tidak ada akibat tanpa suatu sebab.
-Ora gonjo ora unus :
wong kang ala atine lan rupane
Orang yang buruk hati dan rupanya.
-Ora mambu enthong irus :
dudu sanak dudu kadhang
Bukan saudara maupun teman (tidak memiliki hubungan sama sekali).
-Ora tembung ora tawung :
njupuk barang liyan ora kandha disik
Mengambil barang orang lain tanpa pamit.
-Ora uwur ora sembur :
ora gelem cawe-cawe babar pisan
Tidak mau ikut campur sama sekali.
-Ora kinang ora udud :
ora mangan apa-apa
Tidak makan apa-apa. Maksudnya tidak mendapatkan apa-apa.
-Othak athik didudut angel :
guneme sajak kepenak, bareng ditemeni jebule angel
Bicaranya seolah-olah meyakinkan, tapi ketika diseriusi ternyata tidak bisa.
P
-Palang mangan tandur :
diwenehi kapercayan malah gawe kapitunan
Diberi kepercayaan tetapi malah disalahgunakan.
-Pandengan karo srengenge :
memungsuhan karo penguwasa
Bermusuhan dengan penguasa.
-Pandhitane antake :
laire katon suci batine ala
Dari luar terlihat suci/baik tapi hatinya buruk.
-Pecruk (manuk kag magan iwak) tunggu bara :
dipasrahi barang kang dadi kesenengan
Diberi mandat/kepercayaan menjaga sesuatu yang jadi kegemarannya.
-Pitik trondhol diumbar ing padaringan :
wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-entekake
Orang jahat yang diberi kepercayaan barang berharga, pada akhirnya hanya bisa menghabiskan.
-Pupur sadurunge benjut :
ngati-ati sadurunge benjut
Berhati-hati sebelum celaka/babak belur.
R
-Rampek-rampek kethek :
nyedak-nyedak mung arep gawe kapitunan
Mendekati hanya untuk membuat kerusakan/onar.
-Rawe-rawe rantas malang-malang putung :
samubarang kang ngalang-alangi bakal disingkirake
Semua barang yang menghalangi bakal disingkirkan.
-Rebut balung tanpa isi :
pasulayan merga barang kang sepele
Perselisihan yang disebabkan perkara sepele.
-Rindhik asu digitik :
dikongkon nindakake penggawean kang cocok karo kekarepane
Ditugaskan menjalankan pekerjaan yang sesuai dengan keinginannya.
-Rupa nggendhong rega :
barang apik regane larang
Barang bagus/berkwalitas mahal harganya.
-Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah :
yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesthi padha bubrah/rusak
Jika bisa hidup rukun pasti akan hidup sentosa, jika selalu bertikai pasti akan bercerai.
S
-Sabar sareh mesthi bakal pikoleh :
tumindak samubarang aja kesusu supaya kasil
Pekerjaan apapun jangan dilakukan dengan tergesa-gesa agar berhasil.
-Sabaya pati, sabaya mukti :
kerukunan kang nganti tekan pati
Kerukunan yang dijalankan hingga akhir hayat.
-Sadumuk bathuk sanyari bumi :
pasulayan nganti dilabuhi tekaning pati
Persilisihan terus menerus hingga ajal tiba.
-Sandhing kebo gupak :
cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala
Jika dekat-dekat dengan orang bejat bisa-bisa ikut bejat.
-Satru mungging cangklakan :
mungsuh wong kang isih sanak sedulur
Musuh yang masih bersaudara.
-Sadhakep awe-awe :
wis ninggalake tumindak ala, nanging batien isih kepengin nglakoni maneh
Sudah meninggalkan pekerjaan jelek, tapi dalam batin masih ingin mengulangi lagi.
-Sembur-sembur adus, siram-siram bayem :
bisa kalaksanan marga oleh pandongane wong akeh
Bisa terlaksana karena mendapat dukungan/doa banyak orang.
-Sepi ing pamrih, rame ing gawe :
nindakake panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa
Melakukan pekerjaan tanpa pamrih.
-Sing sapa salah bakal seleh :
sing sapa salah bakal konangan
Orang yang berbuat salah pada akhirnya pasti akan ketahuan.
-Sluman slumun slamet :
senajan kurang ati-ati isih diparingi slamet
Biarpun kurang hati-hati tapi masih diberi keselamatan.
-Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh :
wong kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni
T
-Tebu tuwuh socane :
prakara kang wus apik, bubrah marga ana sing ngrusuhi
Perkara yang telah tertata rapi, rusak karena ada yang berbuat onar.
-Tega larane ora tega patine :
senajan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan
Meski tega melihat orang tersebut sengsara, tapi masih memberi pertolongan.
-Tekek mati ing ulone :
nemoni cilaka margo saka guneme dhewe
Mendapatkan masalah karena ucapannya/kelakuannya sendiri.
-Tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara :
kabar kang durung mesthi salah lan benere
Kabar/berita yang belum pasti kebenarannya.
-Timun jinara :
prakara gampang banget
Perkara yang mudah sekali.
-Timun mungsuh duren :
wong cilik mungsuh wang kuwat/panguwasa, mesthi kalahe
Orang jelata/kecil melawan pengusa/orang besar dan sudah pasti kekalahannya.
-Timun wungkuk jaga imbuh :
wong bodho, mung dikanggokne nalika kekurangan wae
Orang bodoh hanya dibutuhkan saat kekurangan saja
-Tinggal glanggang colong playu :
ninggalake papan pasulayan
Meninggalkan/menghindari tempat maksiat.
-Tulung (nulung) menthung :
katone nulungi jebule malah nyilakani
Kelihatannya seolah-olah berusaha menolong, tapi nyata malah mencelakakan.
-Tumbak cucukan :
wong sing seneng adu-adu
Orang yang suka menghasut/mengadu domba.
-Tuna sathak bathi sanak :
rugi bandha nanging bathi paseduluran
Merugi dalam harta tapi mendapatkan saudara/sahabat.
-Tunggak jarak mrajak tunggak jati mati :
prakara ala ngambra-ambra, prakara becik kari sethitik
Perkara jelek merajalela sedangkan perkara baik tinggal sedikit.
U
-Ucul saka kudangan :
luput saka gegayuhane
Lepas dari genggaman. Maksudnya adalah sebuah kesempatan yang terlepas begitu saja.
-Ulat madhep ati manteb :
wis manteb banget kekarepane
Sudah bulat tekadnya.
-Undaking pawarta, sudaning kiriman :
biasane pawarta iku beda karo kasunyatane
Biasanya sebuah berita itu berbeda dari kenyataan yang terjadi.
-Ungak-ungak pager arang :
ngisin-isini
Kelakuan/tindakan yang memalukan.
W
-Welas tanpa lalis :
karepe welas nanging malah gawe kapitunan
Maksudnya ingin menolong tapi malah membuat sengsara.
-Wis kebak sundukane :
wis akeh banget kaluputane
Sudah banyak sekali kesalahannya.
-Wiwit kuncung nganti gelung :
wiwit cilik nganti gedhe tuwa
Dari kecil hingga dewasa.
Y
-Yitna yuwana mati lena :
sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka
Yang berhati-hati akan selamat, yang gegabah akan celaka.
-Yiyidan mungging rampadan :
biyene wong durjana/culika saiki dadi wong sing alim
Dulunya orang jahat/buruk kelakuannya, tapi sekarang telah menjadi orang alim/baik.
-Yuwana mati lena :
wong becik nemoni cilaka marga kurang ngati-ati
Orang baik yang celaka karena kurang hati-hati.
-Yuyu rumpung mbarong ronge :
omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat
Memiliki rumah besar/mewah tapi sebenarnya miskin.
Bạn đang đọc truyện trên: AzTruyen.Top