Peribahasa
Paribasan
Disertakan juga arti dalam bahasa Indonesia
Semoga bermanfaat
A
-Adhang-adhang tetese embun :
njagakake barang mung sak oleh-olehe.
Berharap sesuatu dengan hasil apa adanya. Seperti berharap pada tetes embun.
-Adigang, adigung, adiguna :
ngendelake kekuwatane, kaluhurane lan kepinteran.
Mengandalkan kekuatan, kekuasaan dan kepintarannya. Ungkapan ini biasanya ditujukan pada orang yang sok.
-Aji godhong garing (aking) :
wis ora ana ajine / asor banget.
Sudah tidak ada harganya (hina).
-Ana catur mungkur :
ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik
Tidak mau mendengarkan pergunjingan.
-Ana daulate ora ana begjane :
arep nemu kabegjan nanging ora sida (untub-untub)
Tidak jadi mendapatkan kemuliaan/keberuntungan.
-Ana gula ana semut :
papan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani
Tempat yang banyak rejekinya, pasti banyak yang mendatangi.
-Anak polah bapa kepradah :
tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwa
Tingkah lakunya anak jadi tanggung jawab orang tua. Jika anak bertingkah, maka nama
orang tua akan ikut terbawa.
-Anggenthong umos (bocor/rembes) :
wong kang ora bisa nyimpen wewadi
Orang yang tidak bias menyimpan rahasia.
-Angon mongso :
golek waktu kang prayoga kanggo tumindak
Mencari waktu yang tepat untuk bertindak.
-Angon ulat ngumbar tangan :
ngulatake kahanan menawa kalimpe banjur dicolong
Mencari kesempatan untuk mencuri/berbuat kejahatan.
-Arep jamure emoh watange :
gelem kepenake ora gelem rekasane
Mau enaknya/hasilnya tanpa mau berusaha.
-Asu rebutan balung :
rebutan barang kang sepele
Berebut barang yang remeh.
-Asu belang kalung wang :
wong asor nanging sugih
Orang dari kalangan bawah, tidak berpendidikan tinggi, tapi memiliki banyak harta.
-Asu gedhe menang kerahe :
wong kang dhuwur pangkate mesti bae gede panguwasane
Orang berpangkat tinggi wajar jika memiliki kekuasaan yang besar.
-Asu/ula marani gebuk :
njarak / sengaja marani bebaya
Sengaja menantang bahaya.
-Ati bengkong oleh obor :
wong kang duwe niyat ala malah oleh dalan
Orang berniat jelek malah mendapat jalan (bantuan).
B
-Baladewa ilang gapite (jepit wayang) :
ilang kekuwatane / kaluhurane
Hilang kekuatan dan kekuasaannya. Diibaratkan dengan wayang Baladewa yang kehilangan kayu penjepitnya. Maka hanya akan menjadi selembar kulit yang lemas.
-Banyu pinerang ora bakal pedhot (sigar) :
pasulayan sedulur ora bakal medhotake sedulurane
Perselisihan antar-saudara tidak akan menghilangkan hubungan saudara itu sendiri.
-Bathang lelaku :
lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
Pergi seorang diri menuju tempat berbahaya.
-Bathok bolu isi madu (bolong telu) :
wong asor nanging sugih kepinteran
Orang dari kalangan bawah tapi kaya ilmu pengetahuan.
-Blaba wuda :
saking lomane nganti awake dhewe ora keduman
Karena terlalu dermawan hingga dirinya sendiri tidak mendapatkan/mempunyai apa-apa.
-Bebek mungsuh mliwis :
wong pinter mungsuh wong kang podho pintere
Orang pandai berhadapan dengan lawan yang setara.
-Becik ketitik ala ketara :
becik lan ala bakal konangan ing tembe mburine
Baik atau buruknya seseorang pada akhirnya pasti akan terlihat.
-Belo melu seton (malem minggu) :
manut grubyuk ora ngerti karepe
Ikut-ikutan tanpa tahu apa maksudnya (taklid buta).
-Beras wutah arang bali menyang takere :
barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
Sesuatu yang sudah rusak/cacat tidak akan bisa kembali sama seperti sedia kala
-Bidhung api rowang :
ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
Pura-pura menolong tapi sebenarnya berniat membuat onar.
-Balilu tan pinter durung nglakoni (bodho) :
wong bodho sering nglakoni, isih kalah pinter karo wong pinter nanging durung tau nglakoni
Orang yang tidak memiliki pengetahuan tentang suatu hal, meskipun sering menjalaninya, masih kalah pandai dengan orang yang memiliki pengetahuan, meski tidak pernah menjalaninya.
-Bubuk oleh leng :
wong duwe niyat ala oleh dalan
Orang berniat jelek yang mendapat jalan (bantuan).
-Bung pring petung :
bocah kang longgor (gelis gedhe)
Anak yang dewasa sebelum waktunya.
-Buntel kadut, ora kinang ora udud :
wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udud (rokok)
Orang yang bekerja secara borongan tidak mendapat makan dan rokok. Maksudnya orang yang bekerja dengan sistem borongan jarang yang mendapatkan tip/bonus. Entah itu berupa makanan/camilan atau sekedar rokok.
-Buru (mburu) uceng kelangan dheleg :
golek barang sepele malah kelangan barang luwih gedhe
Mencari barang sepele/remeh tapi malah kehilangan sesuatu yang lebih penting.
-Busuk ketekuk, pinter keblinger :
wong bodho lan pinter padha wae nemu cilaka
Orang bodoh ataupun pandai suatu saat sama-sama akan mengalami kesialan/keusulitan.
C
-Carang canthel :
ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
Tidak diajak bicara tapi ikut nimbrung dalam pembicaraan.
-Car-cor kaya kurang janganan :
ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
Bicara seenaknya tanpa berpikir panjang.
-Cathok gawel (timangan sabuk) :
seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
Suka ikut campur pembicaraan orang lain.
-Cebol nggayuh lintang :
kekarepan kang ora mokal bisa kelakon
Keinginan yang mustahil untuk terlaksana.
-Cecak nguntal cagak (empyak) :
gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane
Keinginan/usaha yang tidak sebanding dengan kemampuannya.
-Cedhak celeng boloten (gupak lendhut) :
cedhak karo wong ala bakal katut ala
Jika bersanding dengan orang yang buruk kelakuannya maka akan ikut terbawa.
-Cedhak kebo gupak :
cedhak karo wong ala bakal katut ala
Jika bersanding dengan orang yang buruk kelakuannya maka akan ikut terbawa.
-Ciri wanci lelai ginawa mati :
pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
Kebiasaan buruk yang tidak bisa dihilangkan jika belum menemui ajal.
-Cincing-cincing meksa klebus :
karepe ngirit nanging malah entek akeh
Maksudnya/maunya berhemat tapi malah habis banyak.
-Criwis cawis :
seneng maido nanging yo seneng menehi/muruki
Suka mencela tapi juga suka member/membantu.
-Cuplak andheng-andheng, yen ora pernah panggonane bakal disingkirake :
wong kang njalari ala becike disingkirake
Orang yang menyebabkan keburukan maka semua kebaikannya akan terhapus.
D
-Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiyo suket emoh nyenggut :
wis ora gelem nyanak / emoh sapa aruh
Saking jengkel/marahnya hingga tidak mau bertegur sapa lagi.
-Dahwen ati open (seneng nacad) :
nacad nanging mbenerake wong liya.
Mencela sesuatu tapi malah membenarkan hal lainnya yang sama persis.
-Dandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dandhang :
ala dianggep becik, becik dianggep ala
Perkara yang buruk dianggap baik, sedangkan yang baik dianggap buruk.
-Desa mawa cara, negara mawa tata :
saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe
Setiap daerah memiliki adat istiadat atau aturan yang berbeda.
-Dhemit ora ndulit, setan ora doyan :
tansah diparingi slamet, ora ana kang ngganggu gawe
Semoga selalu diberi keselamatan, tidak ada suatu halangan yang merintangi. Sering digunakan sebagai jampi atau mantra penolak bala’.
-Digarokake dilukoke :
dikongkon nyambut gawe abot
Disuruh bekerja berat.
-Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat :
wong kang kenceng karepe ora kena dipenggak
Orang yang betekad bulat sehingga sulit untuk dihalangi.
-Diwenehi ati ngrogoh rempela :
diwenehi sithik ora trima, malah njaluk sing akeh
Diberi sedikit tidak mau malah minta yang lebih banyak.
-Dom sumuruping mbanyu :
laku sesideman kanggo meruhi wewadi
Tindakan sembunyi-sembunyi untuk mengetahui rahasia.
-Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan :
senajan wong liya yen lagi nemoni rekasa bakal dibelani
Meskipun tidak ada ikatan darah, namun jika mengalami kesusahan bersedia membela.
-Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-wingi :
wong kang nesu banget
Orang yang marah sekali.
-Dudutan lan anculan (tali memeden sawah) :
padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti
Dua orang yang bersekongkol. Salah satunya pura-pura tidak tahu.
-Durung pecus keselak besus :
durung sembada nanging kepengin sing ora-ora
Belum sukses tapi sudah memiliki keinginan yang macam-macam.
E
-Eman-eman ora keduman :
karepe eman malah awake dewe ora keduman
Maunya ingin berhemat tapi pada akhirnya dia sendiri tidak mendapatkan bagian.
-Emban cindhe emban siladan (slendang iratan pring) :
pilih kasih / ora adil
Pilih kasih.
-Embat-embat celarat (klarap) :
wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
Orang bekerja yang berhati-hati sekali.
-Emprit abuntut bedhug :
perkara sing maune sepele dadi gedhe / ngambra-ambra
Perkara yang awalnya sepele menjadi besar.
-Endhas gundul dikepeti :
wis kepenak ditambahi kepenak maneh
Kenyamanan yang masih ditambah dengan kenyamanan lain.
-Endhas pethak ketiban empyak :
wong kang bola-bali nemu cilaka.
Orang berkali-kali mengalami musibah.
-Enggon welut didoli udhet :
panggone wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepirowa
Tempatnya orang pandai yang dipameri kepandaian yang tidak seberapa.
-Entek ngamek kurang golek :
anggone nyeneni/nguneni sakatoge
Dimarahi habis-habisan.
-Entek jarake :
wis entek kasugihane
Telah habis kekayaannya
-Esuk dhele sore tempe :
wong kang ora tetep atine (mencla mencle)
Orang yang tidak punya pendirian (plin-plan).
G
-Gagak nganggo lar-e merak :
wong asor / wong cilik tumindak kaya wong luhur (gedhe)
Orang jelata yang berlagak seperti orang kaya/berpangkat.
-Gajah alingan suket teki :
lair lan batine ora padha, mesthi bakal ketara
Meski antara lahir dan batinnya berbeda, tapi suatu saat pasti akan terlihat.
-Gajah (nggajah) elar :
sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane
Semakin besar dan tinggi keinginannya.
-Gajah ngidak rapah (godhong garing) :
nerang wewalere dewe
Menerangkan tentang diri sendiri
-Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengahe :
wong gedhe sing padha pasulayan, wong cilik sing dadi korbane
Pertikaian antara penguasa yang menyebabkan rakyat kecil menjadi korban.
-Garang garing :
wong semugih nanging sejatine kekurangan
Orang yang kelihatannya kaya namun sejatinya kekurangan.
-Gawe luwangan kanggo ngurungi luwangan :
golek utang kanggo nyaur utang
Berhutang untuk membayar hutang.
-Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput :
samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan
Semua yang diharapkan tidak bisa terlaksana.
-Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh :
senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan karepe.
Meskipun bertindak perlahan-lahan, tapi maksud dan tujuannya tercapai.
-Golek banyu bening :
meguru golek kawruh kang becik
Berguru mencari pengetahuan yang baik.
-Golek-golek ketemu wong luru-luru :
karepe arep golek utangan malah dijaluki utang
Maksudnya mau berhutang tapi malah dimintai hutang.
-Gupak pulute ora mangan nangkane :
melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake
Ikut bersusah payah tapi tidak bisa ikut merasakan hasilnya.
I
-Idu didilat maneh :
murungake janji kang wis diucapake
Menarik janji yang sudah diucapkan.
-Iwak lumebu wuwu :
wong kena apus kanthi gampang
Orang yang tertipu dengan mudah.
J
-(n)Jagakake endhoge si blorok :
njagagake barang kang durung mesthi ana lan orane
Berharap pada sesuatu yang belum pasti adanya.
-(n)Jajah desa milang kori :
lelungan menyang ngendi-endi
Berpergian ke berbagai daerah.
-Jalma angkara mati murka :
nemoni cilaka jalaran saka angkara murkane
Mendapatkan musibah/kesulitan karena angkara murkanya sendiri.
-(n)Jalukan ora wewehan :
seneng njejaluk ora seneng menehi
Gemar meminta tapi tidak pernah memberi.
-Jati ketlusupan ruyung :
kumpulane wong becik kelebon wong ala
Kumpulan orang baik yang dimasuki orang bejat.
-Jaran kerubuhan empyak :
wong wis kanji (kapok) banget
Orang yang benar-benar kapok.
-Jarit lawas ing sampire :
duwe kapinteran nanging ora digunakake
Punya kepandaian tapi tidak pernah digunakan/dimanfaatkan.
-Jer basuki mawa bea :
samubarang gegayuhan mbutuhake wragat
Untuk mencapai suatu cita-cita membutuhkan dana.
-Jujul muwul :
perkara kang nambah-nambahi rekasa
Perkara yang menambah masalah makin besar.
-(n)Junjung ngetebake / ngebrukake :
ngalembana nanging duwe maksud ngasorake
Pujian yang pada dasarnya bermaksud menghina/menjatuhkan (sebuah ironi).
Semoga bermanfaat
Bạn đang đọc truyện trên: AzTruyen.Top