BEBASAN

BEBASAN

Bebasan yaiku unen-unen ajeg panggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa
kahanane wong.

Tuladha :

1. Adol lenga kari busik : Andum barang marang wong liya nanging awake dhewe malah ora keduman.

2. Aji godhong jati aking (garing). : Asor banget, ora ana ajine.

3. Ancik-ancik pucuking eri : Uripe tansah kuwatir.

4. Anggenthong umos : Ora bisa nyimpen wadi.

5. Angon ulat ngumbar tangan : Ngulatake kahanan jalaran arep gelem rekasane.

6. Arep jamuare emoh watange : Gelem kepenake nanging ora gelem rekasane.

7. Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi ananging isih kurang trima, njaluk maneh.

8. Dikena iwake aja nganti bitheg banyune : Kaleksanan panjangkane nanging ora gawe kapitunan.

9. Emban cindhe emban siladan : Ora adil (pilih kasih).

10. Esuk dhele sore tempe : Ora teteg atine, gampang molah malih.

11. Gawe luwangan ngurugi luwangan : Golek utangan kanggo nyaur utang.

12. Golek-golek ketanggor wong luru-luru : Golek utangan malah diutangi.

13. Gupak pulud ora mangan nangkane : Melu rekasa ora ngrasakake kepenake.

14. Njagakake endhoge si blorok : Njagakake barang kang durug mesthi ana.

15. Kadang konang : Sing diaku sedulur mung sing sugih.

16. Ketepang ngrangsang gunung : Gegayuhan sing mokal bisane kelakon jalaran kegedhen pejangka/kekarepan.

17. Kaya banyu karo lenga : Paseduluran sing ora bisa rukun.

18. Kakehan gludhug kurang udan : Kakehan omong nanging ora ana nyatane.

19. Kebanjiran segara madu : Oleh kabegjan kang gedhe.

20. Kegedhen empyak kurang cagak : Kegedhen panjangka kurang srana.

21. Kajugrugan gunung menyan : Oleh kabegjan kang gedhe.

22. Kekudhung walulang macan : Tumindak kanthi aling aling wong duwe panguwasa.

23. Kerot tanpa untu : Duwe kakarepan ora duwe sarana.

24. Kerubuhan gunung : Nemu kesusahan.

25. Kongsi jambul wanen : Nganti tuwa banget.

26. Madu bolu tanpa isi : Rebutan barang sepele.

27. Mrojol selaning garu : Wong kang luput saka bebaya.

28. Nglungguhi klasa gumelar : Mung kari nemu kepenake.

29. Ngubak-ubak banyu bening : Gawe rusuh ana ing papan kang wis tentrem.

30. Nguthik-uthik macan dhedhe : Gawe nesu wong kang wis lilih atine.

31. Nguyahi segara : Weweh marang wong sugih, saengga tanpa guna.

32. Nututi layangan pedhot : Nggoleki barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane.

33. Nyugokake bugel kayu sempu : Njagokake wong kang ora pinter, jalaran isih sedulur.

34. Othak athik didudut tugel : Omongane sajak kepenak jebul angel ladenane.

35. Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa.

36. Pandengan karo srengenge : Mungsuhan karo wong sing duwe panguwasa.

37. Rebut balung tanpa isi : Padudon jalaran barang sepele.

38. Rindhik asu digitik : Nindakake pegawean kang cocog karo karepe.

39. Sandhing kebo gupak : Cedhak karo wong ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni.

40. Sedhakep angawe-awe : Ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni.

41. Suduk gunting tatu loro : Nindakake pegawean sawarna, ananging asile luwih saka siji.

42. Wis kebak sundukane : Wis akeh banget dosa kaluputane.

43. Yiyidan mungging rampadan : Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim.

***

TEMBUNG KOSOK BALEN (Antonim)

Tembung kosok balen yaiku tembung sing tegese lelawanan.

Tuladha :

A
abot >< entheng
andhap asor >< degsura, murang tata adhem >< panas

adol >< tuku
agung >< asat
akeh >< sethithik

ala >< becik
angel >< gampang
angok >< rob

anggak >< grapyak
apal >< lali
atos >< empuk

B

bagus >< ala
bandel >< gembeng
banter >< rindhing/ alon

bathi >< tuna/ rugi

barang para >< barang pengaji
becik >< ala

begja >< cilaka
bener >< luput
bening >< butheg

brangasan >< sabar
boros >< irit
buneg >< lejar
bungah >< susah

C

cedhak >< adoh
cendhak >< dawa
cethek >< jero

cethil >< loma
ciut >< amba
crah >< rukun

culika >< jujur
cuwa >< lega

D

dawa >< cendhak
dhuwur >< cendhek
duka >< rena
dursila >< susila

E

eling >< lali
entek >< isih

G

gabug >< mentes
gedhe >< cilik
gela >< marem, lega

gemi >< boros
gething >< seneng
goroh >< jujur

grapyak >< anggak
gundhul >< ketel

J

Jago >< babon
jembar >< ciyut
jero >< cethek
jirih >< kendel
jujur >< culika

K

kaku >< lemes
kalah >< menang
kalis >< nandhang/ketaman
kandel >< tipis

kasar >< alus
ketiga >< rendheng
kemproh >< resikan
kendel >< jirih

kepenak >< rekasa
kerep >< arang
kereng >< sabar
kesusu >< sareh

kladuk >< kurang
kuru >< lemu

L

lali >< eling
landhep >< kethul
lantip >< bodho

larang >< murah
lega >< gela
lembut >< agal

lemu >< kuru
loh >< cengkar
longgar >< sesak
luhur >< asor
lumrah >< aneh

M

mapag >< ngeterake
marem >< gela
mencutake >< nyebahi

mentah >< mateng
mentereng >< prasaja
miris >< tatag

mukti/mulya >< sengsara
mursal >< bekti
muspra >< guna

murah >< larang
mungsuh >< kanca/bala

N

nacad >< ngalem
nesu >< rena
nistha >< utama

ngajeni >< ngina
ngakoni >< nyelaki
ngati-ati >< sembrana

ngebreh >< ngirit
ngebon >< kontan

P

padhang >< peteng
padu >< rukun
prasaja >< mubra-mubru

pungkasan >< wiwitan
purwa >< pracima


R

rame >< sepi
rampung >< wiwit
rancag >< rendhet
rekasa >< kepenak
resikan >< kemproh
rikat >< alon

S

Sabar >< brangasan
sareh >< kesusu
satru >< kanca

sedhep >< cemplang
sedih >< seneng
sleder >< tliti

semanak >< anggak
sengsara >< mulya
sepele >< wigati

sregep >< kesed
subur/loh >< cengkar
suda >< tambah
susah >< bungah

T

tabah >< kuwatir
tanpa >< nganggo
takon >< mangsuli

teka >< lunga
temen >< cidra
tipis >< kandel

tradhisional >< moderen
tuku >< adol
turah >< kurang/cumpen

U

ukuman >< ganjaran
umuk >< nyata
urip >< mati


W

wareg >< ngelih/luwe
wetan >< kulon
wedi >< wani

wigati >< sepele
wuled >< mbedhel
wudhu >< payu/laris

wuragil >< pembarep
wutuh >< suda/kalong

Y

yekti/nyata >< goroh/apus-apus

***

TEMBUNG GARBA

Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane,
lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru wilangan.

Tuladha:

• ana + ing dadi aneng tegese ana (manggon) ing
•arane + iki dadi aranireki tegese jenenge iki

• dadi + ewuh dadi dadyewuh tegese ora gampang, sarwa ewuh
• dhemen + anyar dadi dhemenyar tegese senenge yen isih anyar

• dupi + arsa dadi dupyarsa tegese nalika arep
• jalu + estri dadi jalwestri tegese lanang wadon

• kajuwara + ing dadi kajwareng tegese kondhang ing
• kapireng + arsa dadi kapyarsa tegese keprungu

• lagi + antuk dadi lagyantuk tegese lagi antuk/oleh
• lagi+ana + ing dadi lagyaning tegese lagi ana ing

• lebda + ing dadi lebdeng tegese mumpuni, pinter ing
• lumaku + ing adi lumakweng tegese mlaku ing

• lumebu + ing dadi lumebeng tegese mlebu ing
• maha + raja dadi maharja tegese ratu linuwih

• maha + resi dadi maharsi tegese pendhita linuwih
• malebu + ing dadi malebeng tegese mlebu ing

• mardika + ing+rat dadi mardikengrat tegese ing jagad/donya
• murba + ing dadi murbeng tegese kuwasa ing

• nara + indra dadi narendra tegese ratuning jalma
• narpa + endah dadi narpendah tegese ratu sing ayu

• nata + ing dadi nateng tegese ratu ing
• nuju + ari dadi nujwari tegese sawijining dina

• prapta + ing dadi prapteng tegese teka ing
• prawira + utama dadi prawiratama tegese prajurit utama/senapati

• priya + agung dadi ratwagung tegese ratu binathara/ratu utama
• ratu + agung dadi ratwagung tegese panah utama

• sami + arsa dadi samyarsa tegese padha arep
• sira + iku dadi sireku tegese kowe iku

• siti + inggil dadi sitinggil tegese lemah sing dhuwur papane
• siniwaka + ing dadi siniwakeng tegese diadhep dening

• sumbang + asih dadi sumbangsih tegese weweh kanggo tandha asih
• sura + ing+yuda dadi surengyuda tegese wani perang/dewaning perang

• taksih + alit dadi taksyalit tegese isih cilik
• tumenga + ing dadi tumengeng tegese madhep ing (mendhuwur)

• tumeka + ing dadi tumekeng tegese tekan ing
• tumuju + ing dadi tumujweng tegese marani/tumuju ing

• wira + utama dadi wiratama tegese prajurit utama/senapati

Bạn đang đọc truyện trên: AzTruyen.Top